Langsung ke konten utama

Postingan

Menampilkan postingan dari November, 2018

Kepekso,kulino,Iso

     Jeneng ku Ekso, aku iku bocah lemu sing seneng mangan. Nanging, aku gak tahan karo panganan pedes. Saben aku mangan panganan sing pedes weteng ku mesti loro, kadang malah sampe muntah. Tapi aku sering mangan panganan pedes. Ora mergo aku seneng tapi aku kudu mangan panganan pedes amarga neng sekolah aku sering di jejeli panganan pedes. Neng desa ku iki panganan pedes kuwi wes dadi panganan khas, malah warga kene nek ora mangan nganggo panganan pedes kuwi gung di arani mangan.      Aku nang sekolah iku luwih sering dadi guyon e kanca kanca gara gara awak ku lemu, awak ku sering dadi guyonane pak guru lan kanca kanca merga aku sing seneng mangan tapi gak doyan pedes. Kadang malah aku di jejeli panganan pedes karo kanca kanca.      "So Ekso..., kawakmu kok iso gak doyan pedes ki pye? Wong bapak ibuk mu sak dulur dulur lan tonggo mu gak enek sing gk doyan pedes..."pitakon e Ari kancaku sing paling edek mbe awak ku       "Bi...