Langsung ke konten utama

Kepekso,kulino,Iso

     Jeneng ku Ekso, aku iku bocah lemu sing seneng mangan. Nanging, aku gak tahan karo panganan pedes. Saben aku mangan panganan sing pedes weteng ku mesti loro, kadang malah sampe muntah. Tapi aku sering mangan panganan pedes. Ora mergo aku seneng tapi aku kudu mangan panganan pedes amarga neng sekolah aku sering di jejeli panganan pedes. Neng desa ku iki panganan pedes kuwi wes dadi panganan khas, malah warga kene nek ora mangan nganggo panganan pedes kuwi gung di arani mangan.
     Aku nang sekolah iku luwih sering dadi guyon e kanca kanca gara gara awak ku lemu, awak ku sering dadi guyonane pak guru lan kanca kanca merga aku sing seneng mangan tapi gak doyan pedes. Kadang malah aku di jejeli panganan pedes karo kanca kanca.
     "So Ekso..., kawakmu kok iso gak doyan pedes ki pye? Wong bapak ibuk mu sak dulur dulur lan tonggo mu gak enek sing gk doyan pedes..."pitakon e Ari kancaku sing paling edek mbe awak ku
      "Biyen iku aku yo doyan pedes ri...tapi ing sawijining dino aku lagi tuku bakso. "pak lik aku tuku bakso ne 5 ewu di bungkus, sambel e sing akeh ya lek koyo biasane!". Bibar sampek tekan omah Banjur aku langsung mangan bakso mau sing sambel e uakeh ning kuahe, kira kira ana 10 sendok an sambel e. Pas aku lagi mangan bakso iku ujug ujug ana tekek ceblok nang mangkok bakso ku. Saking kaget e aku sampe ceblok saka kursi. Goro goro keceblokan tekek kuwi mau aku dadi keselek. Awak mu kabeh mesti wes eruh piye rasane keselek panganan pedes. Aku spontan langsung nyaut banyu lan tak ombe. Saking pedes e bakso aku ngentekno banyu sak kendi, kuwi wae pedes e gung ilang. Gak tahan karo keselek pedes mau, aku banjur jerit nyeluk ibuk ku. Ibuk ku langsung gage njukuk motor e lan budal tuku es degan. Bibar e dak ombeni es degan kuwi panas keselek pedes wau rodok ilang. Sesuk e awak ku loro kabeh lan gulu ku bengkak. Banjur aku digawa menyang rumah sakit. Nah goro goro kuwi aku dadi trauma mangan pedes. Saben aku mangan pedes weteng ku langsung loro lan muntah".
Sak bar e aku cerita wau kanca sekelas ku guyu ngeklek lan aku dadi guyonan meneh karo bocah bocah.
      Sawijining dino ana ing sekolah, " cah dina iki ulangan ya!, sing paling elek biji ne ssok pas pelajaran e pak Edi neh tak kon nggowo jajan pedes tak kon njejelno ning lambene Ekso!".jare pak Edi ana ing kelas ku. Sing koyo ngene ki, iku wes biasa kanggo aku. Sing nggawe aku kaget dina iki yaiku ana kancaku wadon jeneng e shinta ngomong ning aku. " So we gak isin ta dadi guyonan cah cah ngene? Cobo en neh So kuwe kan yo tau demen pedes tho? Iso iso So, ah mengko mulih sekolah gak ana acara kan kuwe? Ayo mengko sore tak ajak mangan pedes, aku biyen tau di kandani kyai ku nek sesuatu sing apik iku kawiwitan saka kepekso suwe suwe dadi kulino, goro goro kulino dadi iso, nah teko kuwi aku yakin kuwe yo iso So!!". Bibar di ceramahi dowo dowo karo shinta mau aku mulai mikir. " Aku kudu usaha ngilangno phobia ku nang panganan pedes". Kawit dino iku aku mulai mekso awak ku mangan pedes lan ngarep ngarep aku ora di rendahno karo wong sekitar ku.
     Sore iku muleh sekolah aku mampir nang warung mi ayam di kancani karo shinta. Kawit dina iku aku tambah akrab karo shinta. Biasane nang kelas aku mung ngrungokno guru ku njelasno lan moco novel pas wayah jamkos. Tapi kawit aku edek karo shinta aku mulai ngganti kebiasaanku. Aku mulai akeh ngobrol karo shinta. Amargo aku edek karo shinta akhire kanca kancane shinta yo katut edek karo aku. Amargo shinta aku nambah akeh kekancan.

Komentar